Kala Wangsakerta

Oleh Sinta Ridwan |

Kala Wangsakerta

Rambang méga lingsir padem.
Kala ingkang pinanti ing taun 1677.
Ing linggir girang salindungé Creméi.
Pangéran Wangsakerta nilabrata,
adéning karuhun. Nggé nipun
ngewujudaken cita.

Tantri carita Nusantara.
Witan pasaksi.
Sumilir hyangin pinanti.
Déning ngrambang aksara nipun,
nyadas lan pinanti.

Asaji makna lan arti.
Nggé nipun manunggaling babad.
Wangsakerta nindyajati,

déning Nusantara,
déning purwadaksina,
déning paracikal swapana.

Wangsakerta arupa janji.
Nggé nipun anebus lan mapag.
Pinanggé manah lan manasika.
Nyriosaken ingkang asinggid.

Ujungberung V, 29 Agustus 2008

*Puisi ini mendapat kesempatan berada di urutan ketiga dalam lomba menulis puisi berbahasa Cirebon yang diadakan oleh Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Provinsi Jawa Barat pada Oktober 2008 serta masuk buku antologi puisi berbasa daerah. Pemenang dan puisi pilihan lomba puisi berbahasa Sunda, Cirebon, Betawi-Melayu, dan Indonesia pada November 2008. Puisi ini pun ada dalam buku Secangkir Bintang handmade dan Secangkir Bintang V1.7.

Foto diambil pada 22 Agustus 2008 di Bandung.

Kategori: Mengolah dan Puisi.