Ngatingaken Penganan

Oleh Sinta Ridwan |

Ceritanya ini cerita pendek yang diterjemahkan ke bahasa Jawa-Cirebon. Baru aku baca lagi, lucu juga kisahnya di NTT tetapi bahasanya pakai Jawa-Cirebonan. Kalau mau tahu bahasa Indonesianya lihat cerpen yang Sisa Makanan. Terjemahan dibantu sama Ang Doddie.

Ngotang-Ngatingaken Penganan

Kuwayang baé. Ning kana ning pojok sisih wétan, setengahé garang-garingé pasir pulo Nusa Tenggara. Mbuh pira jumlahé, bayi kelaparan ngglétak bli obah bli osik, bli bisa apa-apa, bating langka sing nggleser léwat gorokan, mundak-mundak kang bergizi. Ulesé katon yén kempong klawan bli kuwat atisé angin bengi kang semlipir. Susu kang basi kepaksa mboké inumaken, sabab ASI-é entok tok! Emboké bocah gén kempong mung déwéké masih bisa megeng krana aja kongsi bayié ngrasaaken sepira priyatiné kang lagi sinandhang.

Si embok kepaksa momoti turaing banyu susu sajroé gelas. Karepé kanggo pranti pangané bocah sekiki. Tapi susu iku dadi basi kaworan baktéri. Bayié emong-emongan nginum iku banyu susu najan dicekoki emboké. Si jabang anggér bli gelem minum, sececep gén emong. Singa tétés kang manjing cangkemé musti disemburaken maning. Si embok nyerah. Pasrah. Ngrasa apa gawéné kang wis oli daman-daman dadi sia-sia. Jabang kang kempong masih santer tangisé. Si embok seg-segen sumeja nahan tangis lan dedonga ambir kiki  ASI-é bisa mili. Bli peduli wetengé kang sajeb wingi durung keisi.

Sejen perkara klawan prawan kang ngaub ning sasoré payon umah cilik. Sumilir angin bengi ngrasuk ing jero rusuk si bocah prawan. Mlaku kdéngsélan marani pawon. Pawon kebek kenang tikus kang bli kalah kempongé. Coro kang ngorék-ngorék serbét  ireng seduwuring kompor. Tangané mbuka lawang kulkas kang ngetoakaken kebul atis sangsaya matek gawé nrektek dadawalangé. Matané niténi éntépan sisa penganan sajeroning kulkas.

Masih kebungkus setitik susu bubuk putih, wédang putih kari setengah literan, wijil kopi lokal, sabrang alum, kopi bubuk ireng, sisa penganan rong minggu kliwat, wajik Cililin, setengah kotak corn flakes, setengah kotak susu soklat bari brem Solo. Beras pirang étér ning jero kotak plastik mucung gunung anakan ning pojok pawon iring-iringan karo rong galon banyu putih. Galon sing siji kosong. Siji maningé kari sêparo. Iku prawan pancené masih untung klawan sisa penganan sing sebeneré bisa diracak-racik, diolah tenimbang karo kaanané embok-embok sing ana ning Nusa Tenggara Timur.

Si prawan masih nyacak nahan sampé dina kiyen. Mau isuk mutusaken yén bli mangkat kuliah sabab bener-bener ora goro, bli duwé tenaga. Tenaga sajroning ragané. Kabéh malapetaka iki kawitané si bocah prawan metu sing pegawéané kang anggolang golong pendidikan. Demi harga diri, déwéké lunga sing panggonan kang ngupai kecumponan raja brana lahiriyah. Sawisé bli menggawé siji teka siji digadéaken barang-barang kang ana ning umah. Kanggo nyumponi kebutuhan kuliahé. Déwéké bli gelem lérén kuliah. Déwéké gén mikiraken nasib adiné. Pribén caraé ambir si adi uga masih bisa kuliah.

Singa duit kang tumiba asta langsung disimpen. Ora peduli lambungé kemréak kekempongen kang dikarep ambir adiné aja nganti kelaparan. Turu lan impéné si prawan iku sirna, jenggélék tangi. Gancang ngimum wédang putih ning gelas saduwuré meja putih iringane krongsi abang, gelas kang kacaé mbledug kenang lebu. Terus baé jukut HP lan ngetik pirang tembung. Ngirim sawiji SMS (Surat Mung Sêtitik) kanggo Joan batur pareké. Mbuh kenang apa, tembé bae déwéké skiyen ngersula, sesadu, sesambat pasrah.

“Jo, isun kempong, oli bli isun nyili duwit, weteng isun lara pisan.”

“Sedina dug ira durung mangan, Ta?”

“Uwis, mau awan isun mangan sega goreng oli sega wadang wingi, tak nget maning, masih énak jeh.”

“Nta, isun lagi bli ngenceg duwit, kita sih péngéné sira marek méné dianter sapa ika. Ambir sira bisa tak opéni ning umah kita, ana mamah isun keding ambir sekalian mangan ning kéné. Kita mung bisa tetulung kaya konon Nta.”

“Hmm, ya wis, kita bli bisa mana, langka béngsin toli gén lemes dedes. Wis bli papa Jo, isun masih bisa minum wédang sing akéh sampé wareg, trus turu lih, ambir kempong bli kerasa kempongé, itung-itung diét uga, wis ngglombyor kih lengen kita, kakén gajih, héhé.”

“Busung kita les-lesen bli kejagan weruh sira têka smono, wis marek ning umah baé ya skiyen, pribén mbuh pribén!”

“Bli usah  Bu adoh, bli kuwat gawa motoré, weruh déwék Ujungberung marani Ciumbuleuit penit kaya konon jéh.”

“Nta…”

“Isun bli apa-apa, Jo, kesuwun ya, Bu.”

Mésem lir wulan tumanggal mungging lathi si prawan kang biasa dibeluk Sinta iku. Mésemé krana bungah yén masih ana kang nguwatiraken kaanané. Déwéké gagé mbuka laptop kang tembé baé disilihaken baturé kanggo gawé surat lamaran. Sandenging ngetik bari terus-terusan minum wédang sing botol kang nyanding ning méja putih iringané krongsi abang. Ngakéhi minum banyu ambir pencernaané lancar. Konon mungguhé si bocah prawan. Nawén surat lamaran kang ditulisé bakal olih pegawéyan.

Pragat ngetik gagé ditutup laptop kang mblebudg iku. Awaké diglimpungaken ning krongsi abang. Dikrodongi awaké sing saya énténg geréng dirasaakené. Tangané gegrayang nyawél saklar lampu kang saduwuré endhas, dipaténi lampu ruang tengah trus dedonga muga turué mengko bli tangi maning sabab ngrasa kempong. Krana pas tangi biasané kulité lambung pesti laraé pol. Déwéké nyacak ngrapetaken mataé mbari pikirané ngayarana mana ning toko roti Jalan Braga.

Jeritan tangisé jabang iku terus gumenter kaya guruh guntur awor bayubajra. Dadak sekala awak lencir prawan sing lagi turon iku ana ning umah kang nylepek. Payoné sing welit soklat, témboke gedég pring pada toblos trotol-trotol. Déwéké ndeleng ning sompang sawiji embok kang cuman nyandang jarit séwét kang mrayang. Embok kang lagi nglerepaken tangis bayié,

“Kénging punapa bu pecilé?” si prawan takon karo delang-deleng umahé, déwéké ngrasa pernah mono.

“Niki Yi, déréng nedha, ibu boten gadah setunggaling punapa kang saged dipun tedha.”

“Nganggé ASI mawon Bu, utawi bilih kula tumbasaken susu?” trus baé ngrogoh kasangé. Déwéké klalén, bli nyekel duwit sepérak-pérak acan. Déwéké kekéderen, trus nyacak ngrékapendaya seja nulungi.

“Bu pangapunten, kula boten gadah punapa-punapa, kersa tah umpani kula baktakaen toya? Teng pundi sumuré? Mangké kula damelaken téh legi.”

Sedurungé si embok iku mangsuli, si prawan langsung baé metu sing umah, mungguhé nawén ana sumur sairingané umah kuwen. Duh Gusti Pangéran, jerité. Ning pandelengané sekubengé madap papat kalima pancer, ila ana bukit-bukit pasir kang tanpa watesan tanpa wangenan. Umah iki satengahé padang pasir, gersang langité peteng jimet. Bebalik awaké manjing ning umah, keéranan.

“Emm Bu…” durung rampung pitakonan, nglirik ning jabang kang lagi nangis iku. Astagfirullah, bayi iku, bayi iku wetengé blending, Ya Allah, bayi iku busung lapar. Déwéké kélingan sisa penganan sajroé kulkas. Sisa penganan kang diotang-atingaken. Sisa penganan kang sebeneré bisa dipangan sonder jejaluk, bli cadang-cadong.

Mata prawan iku wis melék. Karo kemringet atis kang notos gemrojos, déwéké masih bisa ndeleng ruang tengah umahé. Jenggélék tangi, trus sadar, yén déwéké mau ngimpi. Kringet atis ning batuk dikesut gagé. Diinum iku wédang putih seakéh-akéhé sing botol gedé seduwuré méja. Ngrasa wetengé lara pisan krana kempong kang bli kejagan. Mataé dipaksa kongkon merem maning  sajeroning dekepan ratri pawana.

Mbayangaken penganan sing enak-enak. Empal Gentong, Sega Jamblang, Strawberry chesse Cake “bolu kéju klomo stroberi”, Jus Jambu, Docang, penganan khas Cerbon pating sliwêr. Mundak nikmaté mangan seafood ning pinggir segara bari ndeleng segara amba gumelar jembar tanpa watesan tanpa wangenan.  Déwéké apan klalén ning impén bayi blending kang busung lapar.

Wayah kiyen sikilé nindak marani sawijiné taman kang amba tan ana kira asri sarwa édi. Pirang méja wis tinata rapi, akéh penganan lelampadan kesanding ning duwuré. Pas teka ning sisih méja langsung diaturi caos dahar dening widadari-widadari kang éndah ing rupa kadya lék caturdasa. Ndeleng méja bang tengen  akéh wong kang déwéké kenal. Salira Pangéran Cakrabuwana, Lady Diana, Bênyamin Sueb, Yuyut si prawan dewek, batur parêke Siti Moe-Moe kang langka tahun 2002. Mau kabéh padha mesem ning prawan iku, lan nganti dodok bebarengan padha ngribengi si prawan. Mbaturi mangan bari jabung tumalapung takon tinakonan.

Si prawan mangan anggur saduwuré meja. Sawisé ngrasa cukup, terus baé mangan ayam bakar, lalap karo sambel trasié. Toli njukut sesigar gedhé  strawberry chesse cake “bolu kéju klomo stroberi” nggo dipangan ning iringané méja penjalin sepinggiring kali pranti geget tesan madang. Hmmm énaké tempat iki, jaréné. Akéh penganan. Trus dibaturi pirang-pirang bocah cilik. Déwéké ngrasa pernah ketemu karo bocah kuwen kabéh.

Bocah-bocah pada mésem lugu toli dodok ning iringané. Bareng-bareng ndeleng gemrénjéngé banyué kali kang bening lan iwak-iwak kang pating penceling. Bungah duwé batur cilik anyar kang wetengé bli blending ning Jannatun Adnan iki. Senengé bareng bari bocah-bocah iku bli ngrasaaken kempong maning. Mésemé si prawan iku uga munggwing ing lathi mbarengi awaké kang mrengil kesaput atisé angin sasoring riyem-riyeming ruangan. Bli sanggup serat-serat lambung ning awaké nggiling maning. Kabéh wis pada nganggur lan ngenténi keliwat suwé penganan kang manjing sajroning awaké prawan kang lagi mésem iku.

Ujungberung V, 17 November 2008

Foto diambil di Museum Geusan Ulun, Sumedang pada 21 November 2008.

Kategori: Cerpen dan Tulisan.