Adus Sréngéngé

Oleh Sinta Ridwan |

Adus Sréngéngé

Isuk ning Kali Bondét waktu semana,
prau-prau kesawang mata. Nyawangi.
Mayang ranjing laut Jawa. Ngarungi lautan.
Mamang nlayan ngajak miyang sedulur-dulur.
Ngrasakaken silirané wong miyang
iwak nggo keuripan. Jalan pakan manusa.

Sarwa iwak iku dudu duwéné,
uga dudu duwéné pemeréntah.
Sarwa iwak sumalipir sakiyengé. Iwak-iwak ngelani.
Sakabeh kang ning dunya duwéné kang duwé urip.
Duwéné Gusti. Iwak-iwak duwé kauripan déwék.
Nanging demi anak lan rabi. Mung demi.

Mamang nlayan sudi keobong panas sréngéngé.
Nggo nguripi akéh nyawa. Keuripan kluarga.
Mamang nlayan layarré kekoplak-koplak ombak.
Ngarung ombak lautan. Meres kringet
pamrih iwaké kiloan. Adus keobong sréngéngé.

La Rochélle, 26 Maret 2014

*Puisi ini rilis di Islam Bergerak pada 26 Februari 2016.
https://islambergerak.com/2016/02/1648/

Foto diambil pada 20 Maret 2014 di La Rochelle.

Kategori: Mengolah dan Puisi.