Rabié Nelangsa

Oleh Sinta Ridwan |

Rabié Nelangsa

Duwé laki demené dagangan ayat,
mung kelakuané seneng buka aurat.
Duwé laki seneng jajan ning pinggir pantura,
padahal apal sekabéhé surat.

Ketemon laki ning kampung kulon,
déwéké ngumbar memanis lambé klawan janji setiaé.
Sun kepincut karo jénggot lan béwoké. Kesemsem.
Tapi iku mung kedok nganggur.

Bengi kuwen sun lagi njlujur. Ngejarit.
Laki teka nggawa rok cingkrang.
Sun metuh umah gancang miyang. Kabur.
Bli kuat karo laki dagangané puji sembahyang.
Tukang sesumbar ibadah.

La Rochélle, 26 Maret 2014

*Puisi ini rilis di Islam Bergerak pada 26 Februari 2016.
https://islambergerak.com/2016/02/1648/

Foto diambil pada 18 Maret 2014 di La Rochelle.

Kategori: Mengolah dan Puisi.